Memayu Hayuning Pribadi.07-07

Posted in By wilujeng 0 komentar

Pitudúh : # 156
Wóng iku yèn lagi nandhang lårå lagi biså ngrasakaké sêpirå munggúh bêgjané wóng kang kanugrahan awak kang tansah kuwarasan.
Nangíng suwaliké, wóng síng awaké sêgêr waras lumrahé lali rêkasané wóng lårå.
Sangsåyå adóh kélingané, sangsåyå cêdhak anggóné ngumbar håwå nuruti pêpinginané mripat, ilat, lan têlíh (wadhúk, wêtêng) kang sêjatiné ngajak marang rusakíng rågå.
Mulå prayogané tansah élinga pêrihíng lårå kanthi nggêmatèni kanikmatan kang wís diparingaké déníng Gústi Allah tan kêna kinayangåpå ajiné, yaiku wujúd awak kang bagas kuwarasan. 
Pituduh : # 157
Manungså pinaringan déníng Pangéran péranganíng awak kang kalarasaké karo gumêlaríng bêbrayan.
Pinaringan mripat loro, pêrluné supåyå akèhå kang didêlêng, yå kang ngênani ubêr ingêring alam, ålå bêcikíng kahanan, lan owah gingsiríng jaman.
Liré, supåyå linarasna kanthi lantipíng panggraitå.
Pinaringan kupíng loro, murih akèhå swårå kang dirungókaké, nuli kathinthingana lan kasaringa kanthi lungidíng panyiptå lan alapên kang awèh pakolèh.
Pinaringan tangan loro, sikíl loro, supåyå akèhé kang ditandhangi, pilihên kang murakabi kanggo bêbrayan agúng.  
Pitudúh : # 158 Pancèn ora ånå wêwalêr ing jagad iki tumrapíng wóng kang nglumpúkaké donya brånå. nangíng kitå kudu tansah élíng yèn donyå brånå mono dudu panggónané kalanggêngan.
Nabi Muhammad wús paríng sabdå : "Ora prayogå ninggalaké kadonyan margå nglakóni akhérat.
Nangíng jênêng wóng kang nisthå såpå kang ninggalaké bab akhérat margå múng golèk donyå brånå tanpå waspådå marang pungkasaníng dumadi." 
Pitudúh : # 159
Brangating ati sabiså-biså kêndhalènånå, åjå diububi nganti muntab dadi ubalíng nêpsu.
Kåyådéné nyirêp gêni sarånå lêngå.
Napsu amarah mono isíh têtêp bakal tansah mbêbêdhag sêlawasé yèn tå ora kinanthènan pikiran kang mênêp, lan ati kang élíng.
Élingé ati lan mênêpíng pikír bakal numusi muluré budi kang tundhóné biså dadi panyirêp sakèhing pakartiníng sétan. 
Pitudúh : # 160
Wóng kang ringkíh iman lan batiné bakal gampang dadi jujugané dúrjånå apús-apús kang patíng sliwêr golèk mangsan.
Pirang-pirang kèhé wóng kasêlak pêrcåyå rêmbúg pangimíng-imíng ora pinikír bakal kêdadéyané ing têmbé.
Wusanané nandhang kapitunan lan kênå ing apús.
Mula ditansah waspådå, åjå lirwå ing kaprayitnan.  
Pitudúh : # 161 Samångså-mångså thukúl plêtikíng pikír kang kasarung déníng ubalíng nafsu ålå, yogyané sumênêpnå sauntårå.
Yèn biså kåyå mangkono karan wóng wicaksana, jalaran kêjaba biså nglêrêmaké ati kanthi mênêpíng pikirmu ugå bakal kêcónggah nyirêp ubalíng nafsumu mau.
Wusånå rahayu kang tinêmu mêrgå biså sumingkír såkå mêmålå kang têkå arêp ngrêridhu awakmu.  
Pitudúh : # 162 Wóng kang sêngsårå uripé jalaran ånå róng warnå.
Kapisan såkå kaluputané dhéwé, kang kapindho mêrgå såkå pokalé dhéwé.
Síng kapisan iku paribasané tanêm tuwúh kang tansah kodanan lan kêpanasan ora diopèni, déné síng kang kapindho paribasané tanêm tuwúh kang tansah diapèk asilé nganti ora kobêr thukúl gódhóngé.  
Pitudúh : # 163 Yèn sirå uríp ing alam donya iki rumångså nampå pandúm kêsêthithikên iku wís dadi pêpêsthèné urípmu, ora pêrlu mbók murinani.
Pamurinamu prayogå lipurên sarånå mawas lêlabuhanmu dhéwé, jêr lêlabuhan ing alam donya mono dadi trajuníng akèh sêthithiké pandúmmu.

dipun kopas saking mriki