Kebangsaan

Posted in By wilujeng 0 komentar

Pitudúh : # 61
Bångså iku minångkå sarånå kuwatíng nagårå, mula åjå nglírwakaké kabangsanirå pribadi supåyå antúk kanugrahan adêgíng bangsa kang "Andånå Waríh" 

 Pitudúh : # 62 Nêgårå iku ora gunå lamún ora duwé anggêr-anggêr minångkå pikukuhíng nêgårå kang adhêdhasar isi kalbuné mênungså salumahíng nêgårå kuwi. 
 Pitudúh : # 63 Kang bêcík iku lamún ngêrti anané sêsantiné ngabdi bêbrayan agúng : "Ing Ngarså Asúng Tulådhå, Ing Madyå Amangún Karså, Tút Wuri Handayani".
Pitudúh : # 64
Nêgårå kita biså têntrêm lamún murah sandhang klawan pangan, margå pårå kawulå pådhå sênêng nyambút gawé, lan ånå panguwåså kang darbé watak "Bêr budi båwå laksånå”.
Pitudúh : # 65
Wadyåbålå pamóng pråjå kang sênêng marang kawulå alít iku dadi sênêngané pårå kawulå sajroníng pråjå lan bisa gawé kukúh sartå dadi tamèngíng nagårå. 

 Pitudúh : # 66 Pårå mudhå åjå ngungkúraké ngudi kawrúh kang nyåtå amríh biså kinaryå kuwatíng nagårå, unggulíng bångså, lan biså gawé rahayuníng sasåmå.
Pitudúh : # 67
Panguwåså pamóngé nêgårå iku kudu biså gawé têntrêm pårå kawulané, amargå yèn ora mangkono biså kadadéyan pårå kawulå ngrêbút panguwasaníng nêgårå.
 
Pitudúh : # 68 Nêgårå kuwat iku margå kawulané sênêng uripé lan disujudi déníng liyå nêgårå. Pitudúh : # 69 Lamún sirå dadi wadyåbålå pamóngíng nagårå, åjå sirå dhêmên kuwåså dhéwé. Jalaran yèn sirå wís ora kasinungan panguwåså manèh, ing têmbé bakal ndadèkaké ora kajèníng awakirå ing têngahíng bêbrayan. Ngélingånå yèn sêjatiné isíh ånå wóng kang biså ngalahaké sirå ing babakan åpå baé.
Pitudúh : # 70
Déné síng mêngku nagårå ora darbé watak "Bêr budi båwå lêksånå". Iku biså njalari wadyabålå kang dadi têtungguling prajurít nêgårå kuwi ora sujúd manèh lan biså ugå kêpingín ngrêbút panguwasaníng nêgårå.
Pitudúh : # 71
Yèn wóng bêcík kang kuwåså, kabèh kang ålå didandani lamún kênå, déné yèn ora kênå disingkíraké mundhak nulari (cuplak andhêng-andhêng).
Pitudúh : # 72
Pêrang iku bêcík lamún tujuwané nggayúh kamardikaníng nagårå lan bangsané, lan pêrang iku ålå lamún kanggo njarah rayah darbèkíng liyan.
 
Pitudúh : # 73 Wóng ålå yèn bisa kuwåså, kang ålå iku diarani bêcík. Kósókbaliné yèn wóng bêcík kang kuwasa, kang bêcík iku kang ditindakaké.
Pitudúh : # 74
Wajibíng warganíng nagårå iku kudu biså rumångså mèlu handarbèni, wajíb mèlu hanggóndhèli. Mulat sarirå hangråså wani.
Wêwalêr : # 75
Åjå sênêng yèn lagi darbé panguwåså, sêrík yèn lagi ora darbé panguwåså. jalaran kuwi-kuwi ånå bêbêndhuné dhéwé-dhéwé.
 
Wêwalêr : # 76 Åjå múng kêpingín mênangé dhéwé kang biså marèkaké crahíng nagårå lan bångså, kudu sênêng rêrêmbugan njågå katêntrêman lahír batín.

dipun kopas saking mriki