Memayu Hayuning Pribadi.05-07

Posted in By wilujeng 0 komentar

Pitudúh : # 139
Manungså kang múng ngélingi marang pakartiné pancadriyané mono bakal tansah kasinungan råså dhêmên utåwå sêngsêm.
Såkå Råså Dhêmên banjúr kathukúlan råså mélík, såkå råså mélík munggah dadi nafsu, såkå nafsu banjúr nasar pakartiné lan sírnå bêbudèné síng wêkasané tumiba ing påpå, nandhang kasangsaran. 
Pitudúh : # 140
Wóng juwèh, kawruhé tumèmpèl ing lambé, kumrêcêk ngêbaki ing pasamuwan, katút samirånå mrånå-mréné.
Bédå karo wóng mênêng, kawruhé sumimpên ånå ing ati wêníng.
Wêtuné ora sarånå lambé, nangíng katampanan ing pucukíng pèn, mili ambèr ing kêrtas putíh, rinasakaké ing wóng sajagad. 
Pitudúh : # 141
Amríh uríp kita tansah nêmóni rahayu, åjå kêndhat nggêgulang nandúr cíptå utåmå sajroníng ati sanubari kita sinartan panyuwunan kang manthêng marang Gústi Kang Måhå Wêlas lan Måhå Asíh, mugå pinaringan nugråhå biså ndarbèni ati kang wêníng lan jiwå kang utåmå.
Pancèn ora gampang wóng ngudi bisané kasinungan cíptå utåmå ngélingi mênåwå manungså mono mulå wís kêsêrênan sipat apês lan lali.
Sók ngonowå yèn tå sawisé nandhang apês lan lali banjúr gumrégah manèh pangudiné åpå déné ora kêndhat ing panglantihé mantêpå ing kêyakinan yèn Gústi Allah ora bakal ora ngudanêni panyuwún kitå. 
Pitudúh : # 142
Kawrúh lan "Ilmu pêngêtahuan" iku múng biså digayúh lan dikuwasani kanthi laku kang laras karo åpå kang diwulangaké.
Liré, ajaran téoriné kudu biså dicakaké lan ditrapkaké kanggo karahayóníng bêbrayan. Wóndéné lakuné mono kudu sinartan tékad kang gilíg lan kêkarêpan kang tulús lan mantêp kinanthènan katêguhaníng iman, kanggo ngadhêpi sakèhíng panggodhå sartå nyingkiri sikêp laku kang sarwå dudu.  
Pitudúh : # 143 Banyu iku bisaníng bêníng yèn wís mênêp. Sanadyan mauné buthêk, nangíng yèn wís mênêp, iyå banjúr bêníng.
Sêmono ugå tumrap pêpinginan utåwå gêgayuhan yèn diudi nganti katóg lan mênêp ing têmbé ugå bakal kasinungan sifat bêníng.
Liré, nadyan pêpinginan lan panggayu bisa kalêksanan klawan tumuli, éwå sêmono yèn ditlatèni suwéning suwé ugå bakal kasêmbadan. 
Pitudúh : # 144
Yèn kêpingín nglungguhi pangkat kang dhuwúr luwíh prayogå yèn dikawiti såkå kalungguhan kang êndhèk dhéwé.
Awít klawan mêngkono ing têmbé kowé ora bakal gampang disêpèlèkaké déníng bawahanmu.
Lan kang utåmå yaiku kowé nuli biså madêg dadi pêmimpín kang biså nglungguhi ing kawicaksanan, adóh såkå watak dêgsurå, anané múng sarwå kêbak råså têpå salirå.  
Pitudúh : # 145 Ginubêl déníng råså "Tansah kurang marêm" marang asilíng pakaryan utawa jêjibahan kang diayahi, saugêr ora ngångså-ångså, sayêkti malah dadi pamêcút kang bêcík kanggo luwíh maju.
Nangíng yèn råså tansah kurang marêm mau ngênani wuwuhíng donyå-brånå, ora bédå kåyådéné rêridhu síng èsthiné múng tansah rinåså kayadéné pasiksané ngauríp.
Pitudúh : # 146
Élingå, mbésúk yèn wís tumêkaning janjiné ora kênå ora, badan wadhag lan sabarang kalír kang kita darbèni iki bakal kita tinggalaké kabèh, ora ånå kang kitå gåwå mênyang alam kalanggêngan.
Mula åjå bangêt nggónira katrêm marang kadonyan.
Åpå manèh, såpå kang tansah ngêgúl-êgúlaké marang donyå branané lan gandrúng marang pêpinginan kang ora langgêng, èsthiné ora bakal bisa nêmókaké kahanan kang biså gawé langgêngíng kasênêngan lan katêntrêmaníng ati.
Pitudúh : # 147
Batiné wóng kang bisa ndarbèni ati nriman iku tansah ayêm lan têntrêm, margå satingkah laku tansah linambaran kêyakinan kang kandêl marang kadar pêparingé Pangéran.
Nriman ora têgês wis marêm åpå anané, nangíng suwaliké kêpårå malah sungkan mênêng.
Múng baé ora grusa-grusu kåyå tumindaké wóng kang nduwèni sipat ngångså-ångså kåyå ora gêlêm ngakóni karang anané pandúm.

dipun kopas saking mriki