Kakaluwargaan

Posted in By wilujeng 0 komentar

Pitudúh : # 77
Båpå biyúng iku minångkå lantaran uríp ing ngalam donyå.
 
Pitudúh : # 78 Síng såpå lali marang wóng tuwané prêsasat lali marang Pangérané, Ngabêktiyå marang wóng tuwå.
Pitudúh : # 79
Wóng tuwå kang ora ngudi kabêcikan sartå ora ngêrti marang udånagårå (trapsilå, unggah-ungguh) lan tåtå kråmå, kuwi sêjatiné dudu panutané putrå wayah.
 
Pitudúh : # 80 Såpå síng sênêng uríp têtanggan, kalêbu janmå linuwíh.
Tånggå iku pêrlu dicêdaki nanging åjå ditrêsnani.
 
Pitudúh : # 81 Paribasané tånggå iku pådhå karo båpå biyúng. 
 Pitudúh : # 82 Tånggå kang ora bêcík atiné åjå dicêdhaki nangíng åjå dimungsuhi. 
 Pitudúh : # 83 Sadumuk bathúk sanyari bumi ditóh pati.
(Unèn-unèn kanggo nggambaraké kasêtyané marang kulåwargå).
Pitudúh : # 84
Mikul dhuwúr mêndhêm jêro.
(Unèn-unèn kanggo nggambaraké bêktiné anak marang wóng tuwåné).
 
Pitudúh : # 85 Anak iku minångkå têrusané wóng tuwå, ora ånå katrêsnan kang ngluwihi katrêsnané wóng tuwå marang anak.
Pitudúh : # 86
Trêsnå marang mantu iku pådhå baé trêsnå marang putrå, jalaran putu iku wóhíng katrêsnané putrå lan mantu.
Pitudúh : # 87
Sayojånå iku dóhé sêpulúh èwu dhêpå.
Swårå kang krungu nganti sayojånå, arumíng jênêng ngambar-ambar salumahíng bumi (dialêmbånå).
Pitudúh : # 88
Gólèk jodho åjå múng mburu éndahíng warnå, sênajan ayu utåwå bagús.
Wêwalêr : # 89
Åjå ngaku wóng tuwå lamun wóng tuwamu katón sugíh lan dhuwúr drajadé, jalaran pangkat lan bandhané wóng tuwamu iku mau bisa sirnå sadurungé sirå warisi.
Wêwalêr : # 90
Åjå gampang nyêpatani anak nganggo têmbúng kang ora prayogå, jalaran sêpatané wóng tuwå bisa numusi sartå bisa ngilangaké råså bêktiné anak marang wóng tuwané.
Wêwalêr : # 91
Åjå mènèhi jênêng marang anak síng kurang pantês, jalaran jênêng síng disandhang anak bakalé kagåwå nganti dêlahan (akhérat).


dipun kopas saking mriki