Laku Budi Utama

Posted in By wilujeng 0 komentar

Pitudúh : # 38
Ålå lan bêcík iku dumunúng ånå awaké dhéwé, mélík nggéndhóng lali, ngundhúh wóhíng pakarti.
Pitudúh : # 39
Síng såpå lali marang kabêcikan liyan, iku kåyå kéwan.
Pitudúh : # 40
Ajiníng dhiri iku dumunúng ånå ing lathi lan budi.
Pitudúh : # 41
Yitnå yuwånå, lénå kênå.
 
Pitudúh : # 42 Ålå kêtårå, bêcík kêtitík.
Pitudúh : # 43
Klabang iku wisané ånå ing capité.
Kålåjêngkíng wisané múng ånå pucúk buntút (êntúp).
Yèn ulå mung dumunúng ånå untuné ulå kang duwé wiså.
Nangíng yèn durjånå wisané dumunúng ånå ing sakujúr badan.
 
Pitudúh : # 44 Rawé-rawé rantas, malang-malang putúng. 
Pitudúh : # 45 Mumpúng ênóm ngudiyå laku utåmå. 
Pitudúh : # 46 Síng prasåjå, pêrcåyå marang dhiri pribadi. 
Pitudúh : # 47Ngèlmu pari, såyå isi såyå tumungkúl.
Pitudúh : # 48
Wóng mati iku bandhané ora digåwå.
Pitudúh : # 49
Wóng iku kudu ngudi kabêcikan, jalaran kabêcikan iku sanguníng uríp.

 Pitudúh : # 50 Wóng kang ora gêlêm ngudi kabêcikan iku prasasat sétan.  
Pitudúh : # 51 Wóng linuwíh iku ambêg wêlasan lan sugíh pangapurå.
Pitudúh : # 52
Pêrang tumrap awaké dhéwé iku pambudidåyå murih bisa mèpèr håwå nêpsu.
Pitudúh : # 53
Ngèlmu iku kêlakóné kanthi laku, sênajan akèh ngèlmuné lamún ora ditangkaraké lan ora digunakaké, ngèlmu iku tanpå gunå.

 Pitudúh : # 54 Turutên pituturé wóng tuwå.
Pitudúh : # 55
Wóng kang ora wêrúh tåtåkråmå udånagårå (unggah-ungguh), iku pådhå karo ora biså ngrasakaké råså nêm warnå (lêgi, kêcút, asín, pêdhês, sêpêt, lan pait).
Pitudúh : # 56
Wóng pintêr nangíng ålå tumindaké, sênêngé karo wóng ålå.
Pitudúh : # 57
Wóng linuwíh iku kudu biså ngêpèk ati lan ngêpénakaké atiné liyan. Yèn kumpúl karo mitrå kudu biså ngêtrapaké têmbúng kang manís kang pêdhês, sêpêt,bisa gawé sênêngíng ati. Yèn kumpúl pandhitå kudu biså ngómóngaké têmbúng kang bêcík. Yèn ånå sangarêpíng mungsúh kudu biså ngatónaké kuwåså pangaribåwå kaluwihané.
 
Wêwalêr : # 58 Åjå panastèn lan åjå sênêng gawé gêndrå, jalaran gawé gêndrå iku sipatíng dhêmít.
Wêwalêr : # 59
Åjå sênêng yèn dèn alêm, åjå sêngit yèn dèn cacad.
 
Wêwalêr : # 60 Åjå lali piwulang bêcík.

dipun kopas saking mriki