Memayu Hayuning Pribadi.06-07

Posted in By wilujeng 0 komentar

Pitudúh : # 148
Abót-abóting cobå tumraping ngauríp iku malah ora kåyå wóng kang lagi kêbyukan sihíng Gústi Allah.
Yèn lulús såkå pandadaran biså dadi manungså kang kajåbå gêdhé síh kadarmané ugå wicaksånå laír batiné.
Nangíng yèn tå ora têgúh imané, wóng kang lagi kabómbóng ing donyå artå lan kêladúk rumångså sarwå kuwagang mbêndúng sêgårå njugrúgaké gunúng mau istingarah bakal kóncatan kawaspadané.
Kêjåbå lali marang sangkan parané ugå lali yèn sakèhíng drajat lan sêmat dalasan têkan nyawané dhéwé pisan iku múng lugu barang titipan kang sawayah-wayah bisa dipundhút bali déníng Kang Kagungan.
Pitudúh : # 149
Ambudidåyåå ing båndhå manút sakatógíng tênågå nangíng åjå lali kinanthènan tékad lan sêdya yèn sapérangan bakal kita tanjakaké kanggo nindakaké pangibadah.
Élinga yèn pati iku lawangíng akhérat, déné laku ngibadah iku kang biså dadi sarånå nggampangaké manungså tumêkané marang ing lawang mau kanthi råså pangråså tobat lan sumarah.
Suwaliké, jiwå rågå kang ora kanggo tobat nalangsa ing Gústi Allah iku ora bédå kåyå anggané båndhå kang ora dijakati lan ora ditanjakaké kanggo pênggawé kabêcikan.
Pitudúh : # 150
Yèn sirå pinuju nandhang bagas kuwarasan, élinga yèn nalika kênå ing lårå, supríh sirå têtêp bagas kuwarasan kanthi sêsirík prakårå-prakårå kang mbiyèn nyêbabaké lårå.
Yèn ing nalikå sugíh, élingå yèn kêna ing pêkír, lêkas síng kåyå mêngkono mau kanggo ngawékani amríh sira ora gampang kadunungan pikiran sênêng pamèr lan sêsóngaran.
Kawruhånå, iku kêpårå nudúhaké pratåndhå yèn dhèwèké iku sêjatiné wóng kang tunå ing råså wêlas asíh lan miskín ing kawrúh.
Pitudúh : # 151
Kitå manungså iki ora kênå tansah ngantu-antu têkané wêktu kang bêcík, jêr wêktu kang bêcík iku sêjatiné kudu kitå dhéwé sing gawé.
Kitå kudu tansah élíng yèn sabarang tingkah lan tandúk kitå ing dinå kang siji iku nggåwå kêputusan tumrap dinå sijiné.
Déné dinå kang pungkasan iku kang mutúsaké sakabèhíng wêktu lan dinå-dinå kang wis kapungkúr.
Mulå sadurungé kitå tumapak marang dinå pungkasaning uríp, dipådhå biså nglungguhi marang jêjêríng uríp manungså.
Pitudúh : # 152
Wóng nandhang lårå mono akèh síng mêrgå anggóné ngombé lan mêmangan kliwat takêr lan tanpå pilíh-pilíh.
Mulå kanggo nyandhêt ubalíng håwå marang bab sakaroné mau, dibiså marsudi nyudå nuruti kêcaping lidhah sarånå nglakoni påså kang mêngku ancas nyingkiri sadurungé katamaning bilahi.
Pitudúh : # 153
Wóng kang lagi kasinungan kabêgjan lan kamúlyan iku dibiså marsudi amríh langgêng, åjå banjúr kalimpút watak jubriyå lan sêmbrana sing sisíp sêmbiré biså kêjlungúp tibå ing kasangsaran.
Yèn wís mangkono múng råså gêtún lan piduwúng sing kari ing pamburiné.
Pitudúh : # 154
Håwå napsu lan watak angkårå iku sawutuhé manjíng ing dhiri pribadiné dhéwé-dhéwé.
Yèn diumbar ngrêbdå bakal gawé "Bêncånå lan kasangsaran".
Suwaliké yèn bab mau biså dikêndhalèni bakal njílmå dadi watak "Sabar lan prasåjå", tulús éklas awèh pangapurå marang sapådhå-pådhå síng gawé kaluputan.
Pitudúh : # 155
Tapaning ati iku múng têmên, yèn tapaning nyåwå múng élíng.
Síng såpå bisa élíng sêdinå sêpisan baé, adaté barang kang sinêdyå bakal ånå.
Síng såpå têmên salawasé, kabèh pangajabé bakal kêcandhak.
Déné kang aran sêjatiníng katêmênan iku sakabèhíng pakarti kang ditindakaké klawan madêp mantêp tanpå mandhêg-mangu lan tolah-tolèh, saénggå sabarang kêkarêpané bakal ginayúh.


dipun kopas saking mriki