Kautamaning Batin

Posted in By wilujeng 0 komentar

Pitudúh : # 14
Kahanan donyå iku ora langgêng, mulå åjå ngêgungaké kasugihan lan drajadira, awít samångså wolak-walikíng jaman ora kisinan.
Pitudúh : # 15
Kahanan kang ånå iki ora suwé mêsthi ngalami owah gingsír, mulå åjå lali marang sapådhå-padhaníng tumitah.
Pitudúh : # 16
Síng såpå sênêng ngrusak katêntrêmaníng liyan bakal dibêndhu déning Pangéran lan diwêlèhaké déning tumindaké dhéwé.
Pitudúh : # 17
Watakíng manungså iku kêpingín kuwåså, nangíng Pangéran iku bakal maríngaké panguwåså miturút kêrsané Pangéran pribadi.
Pitudúh : # 18
Janmå iku tan kênå kinåyå ngåpå, mulå sirå åjå sênêng ngaku lan rumangsa pintêr dhéwé.
Pitudúh : # 19
Ramé ing gawé sêpi ing pamrih, mêmayu hayuníng bawånå.
Pitudúh : # 20
Manungså sadêrmå nglakóni, kadyå wayang saupamané.
Pitudúh : # 21 Mulat sarirå, tansah élíng lan waspådå.
Pitudúh : # 22
Sabêgjå-bêgjané kang lali, luwih bêgjå kang élíng klawan waspådå.
Pitudúh : # 23
Síng såpå salah sèlèh, lan mélík nggéndhóng lali.
Pitudúh : # 24
Nglurúg tanpå bålå, sugíh ora nyimpên, sêkti tånpå maguru, lan mênang tanpå ngasóraké.
Pitudúh : # 25 Yèn sirå dibêciki liyan tulisên ing watu supåyå ora ilang lan tansah kèlingan, yèn sirå gawé kabêcikan marang liyan tulisên ing lêmah, supåyå énggal ilang lan ora kèlingan.
Pitudúh : # 26
Síng sênêng gawé nêlangsané liyan iku ing têmbé bakal kênå piwalês såkå panggawéné dhéwé.
Pitudúh : # 27
Lamún sirå múng sênêng dialêm baé, ing têmbé kêtêmu bab-bab kang kurang prayogå.
Pitudúh : # 28 Wani ngalah luhúr wêkasané.
Wêwalêr : # 29
Åjå sênêng gawé rusakíng liyan, jalaran sirå bakal kênå siku dhêndhaning Guru Sêjatinirå.
Wêwalêr : # 30
Åjå sira nyacad piyandêling liyan, jalaran durúng mêsthi yèn piyandêlirå iku síng bênêr dhéwé.
Wêwalêr : # 31
Åjå lali marang kêbêcikan liyan.
Wêwalêr : # 32 Åjå sirå dêgsurå, ngaku luwíh pintêr tinimbang séjéné.
Wêwalêr : # 33
Åjå rumangsa bênêr dhéwé, jalaran ing donya iki ora ånå síng bênêr dhéwé.
Wêwalêr : # 34 Åjå wêdi kangèlan, jalaran uríp anèng donyå iku pancèn angèl.
Wêwalêr : # 35
Åjå gawé sêrík atining liyan lan åjå golèk mungsúh.
Wêwalêr : # 36 Åjå sirå mulang gêthing marang liyan, jalaran iku bakal nandúr cêcongkrahan kang ora ånå uwis-uwisé.
Wêwalêr : # 37
Åjå ngumbar håwå napsu lan åjå mélík darbèkíng liyan, mundhak sêngsårå uripé.

dipun kopas saking mriki