Memayu Hayuning Pribadi.04-07

Posted in By wilujeng 0 komentar

Pitudúh : # 127
Sakabèhíng tumindak iku panimbangé manút kawusanané.
Mula muríh bisané sampúrna, sabarang kang bakal dilakóni lan ditindakaké iku luwíh dhisík thinthingånå lan pilah-pilahna ålå bêciké kanthi wêningé nalar/pikír.
Yèn wís, tumindaké kanthi dugå lan prayogå, sartå måwå têpå tulådhå.
Liré, sabarang patrap mau upamaknå tumrap awaké dhéwé, ilangnå pangirå-irå tumrap awaké liyan kang durúng disumurupi.
Élingå, såpå kang arêp mbêcíkaké alam donya iku, kudu mbêcíkaké awaké dhéwé luwíh dhisík. 
Pitudúh : # 128
Ciri-ciriné jiwa kang isih kóthóng mono biså dititík såkå ulat praupan, tutúr wicara, lan tingkah lakuné kang ora naté gêlêm kalah.
Sabarang tindak-tandúké kêpingín unggúl lan mamèraké kaluwihané, ora anggèr kaluwihan biså kanggo ngadhêpi bêbåyå lan ngêntas såkå papan cintråkå.
Kaluwihan kang tanpå dilandhêsi kautaman, kênå diumpamakaké kayadéné wêdhak pupúr síng nèmpèl ing njaban kulít baé, ora biså tahan suwé lan gampang luntúr margå såkå pakartiné dhéwé, awít nêrak dhasar-dhasar bêbênêr lan kasucian. 
Pitudúh : # 129
Sabên tumindak sêjangkah ngilowå marang kinclóng-kinclóngé banyu samudrå síng suthík kanggónan sangkrah, jalaran sakèhé uwúh mêsthi disingkíraké minggír.
Sabên makaryå sapêcak, tuladhanên pakartiné banyu tritisan, nadyan tumètès mbåkå satètès, ditindakaké kanthi ajêg kêcónggah mbólóngaké watu síng atósé ngluwihi wåjå. 
Pitudúh : # 130
Såpå kang bisa nêlukaké mungsúh-mungsúhé, dhèwèké diarani kuwat.
Anangíng såpå kang bisa nêlukaké awaké dhéwé, iya dhèwèké iku kang luwíh kuwat manèh. 
Pitudúh : # 131
Samångså lagi ngadhêpi uríp rêkåså prayogané adhêpana klawan èsêm gumuyu.
Awít iku wus wujúd sênjåtå kang bisa gawé ènthèngíng sanggan lan bakal numusi muluríng pikír.
Nanging yèn pênandhangmu mau tansah kók adhêpi kanthi ulat kang suntrút adhakané kowé bakal kêntèkan pikír kang wêníng, wusanané dadi nékat nuruti pokal kang nêrak bêbênêr. 
Pitudúh : # 132
Såpå kang nganggêp åpå baé gampang, mêsthi bakal nêmu akéh rubédå.
Såpå kang gampang janji, iya kuwi kang arang nêtêpi.
Pitudúh : # 133
Uríp têgêsé mbudidåyå ngêtóg tênågå (bêrjuwang).
Uríp níkmat tanpå angín prahårå pådhå karo sêgårå kang mati.
Aku luwíh sênêng ditêndhang, dilawan déníng nasíb, tinimbang diugúng. 
Pitudúh : # 134
Laku jujúr kuwi pådhå karo dhuwit kang biså laku ing ngêndi baé.  
Pitudúh : # 135
Kang bêcík lan ålå, kabèh mêsthi nåmpå pikolèh, sênajantå kadhang-kadhang nampané cêpêt, kadhang-kadhang alón.
Pitudúh : # 136
Wóng kang kinaranan bêrbudi iku, yåkuwi wóng síng rumångså tambah kasíksa yèn nyumurupi sapêpadhané nandhang påpå lan kasangsaran.
Runtúhé råså wêlasé adaté banjúr sinusúl sarånå cucúlé prabéyå lan barang darbèké.
Nangíng pancèn angèl gólèk-gólèkané wóng síng kåyå mangkono iku.
Buktiné ora sêthithík wóng síng mati mêrgå kêwarêgên, apamanèh wóng síng mati amargå kalirên.

Pitudúh : # 137
Manungså kuwi dadiné bêcík miwiti såkå njêro mênjåbå. 
Pitudúh : # 138
Kang waspådå marang awakmu dhéwé jalaran iyå awakmu dhéwé kuwi kang mujúdaké mungsúhmu kang palíng gêdhé. 


dipun kopas saking mriki