-NYAWIJI ING AWAK KANG LUNGKRAH-

Posted in By wilujeng 0 komentar

NYAWIJI ING AWAK KANG LUNGKRAH

Umur kuwi ana watese
Yen  umurku dawa, artine ana sing ndawakkake
Yen umurku cendek, artine aku kudu pasrah marang kang NGUMUR

Balung kuwi ana sumsume
Yen aku ngadeg, tegese aku nganggo balung
Yen aku nganggo balung tegese ana sumsume
Sumsum kuwi ana sing luwih NYUMSUM

Awak kui ana daginge
daging kuwi ana otote, otot kuwi paringane Dzat Kang Ngotot

getih kuwi ana wernane
abang, putih , biru, ireng
abang maknane kosong
putih sejatine manungsa kuwi resik
biru tegese bisa mulya
ireng kuwi amerga lelaku
kabehing werna ora bakal madani wernane Dzat Kang Maneka Warna

@SALAM SALIM SLAMET