PUJI DINA

Posted in By wilujeng 1 komentar

PUJI DINA

1. Dina Ahad ; ya kayu ya kayumu, nabi Adam kang ndarbemni, lakunya tidak boleh nginang sehari semalam, ahad lakune ing surya, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat limang leksa.
kuwasane : lungguhe ing wulu, teguh ora kena winekang, lan ora katon

2. Dina Senen ; ya rahmanu ya rahima, nabi’ullah kang ndarbeni, lakune nyegah iwak sadina sadalu, senen uripe ning wulan kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat kawan leksa.
kuwasane : lungguhe ing kulit, teguh kang kena binenggang

3. Dina Selasa ; ya maliku ya kudusu, nabi Isa kang ndarbeni, lakune apasa sadina sadalu selasa uriping lintang kang rumeksa sadino lawan sawengi, malekat tigang leksa.
kuwasane : lungguhe ing bebayu, angumpulake cahya kabeh

4. Dina Rebo ; ya kabiru ya muntaha, pepitu uripipun nabi Ibrahim kang ndarbeni, lakune nyegah toya sadina sadalu, rebo bumi uripira kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat pitung leksa.
kuwasane : lungguhe ing daging, teguh tan kena winangenan

5. Dina Kemis ; ya ngalim ya ngalimu, wewolu uripipun, nabi Idris kang ndarbeni, lakune nyegah uyah sadina sedalu, kemis dahana uripnya, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat wolung leksa.
kuwasane : lungguhe ing otot, teguh sajege urip

6. Dina Jumungah ; ya kafi ya muqni, ya enem uripipun, nabi Rasul kang ndarbeni, lakune nyegah pangan sadina sadalu, jumungah lakune barat, kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat leksa.
kuwasane : lungguhe ing bebalung, sekti mandraguna

7. Dina Saptu ; ya fatah ya rajah, sesanga uripipun, nabi Iskhak kang ndarbeni, lakune datan mendra, sadina sadalu, saptu uripe ing toya kang rumeksa sadina lawan sawengi, malekat sangang leksa.
kuwasane : lungguhe ing sumsum, angumpulaken sakehing rasa kabeh

8. Dina pitu lakon solan salin, mung sadina sawengi salinnya, pan akatah supangate, sarta anganggo laku lakunira solan salin, puji lan nabirira, myang cecegahipun apa kajate tinekan, lan malati ora kena den langkahi wayangane kang maca


@ di ambil dari berbagai sumber barangkali bisa menambah khasanah pengetahuan kita
salam salim slamet