FOTO LUCU

Posted in By wilujeng 0 komentar



fotone kayong pada mumet kabeh katon kang rai-raine.
mikir gaweyan, menyan, mbako, trasi, lombok, beras, lenga, gula, susune biyung lan bocah, apa mikir apa donge, apa ora nduwe pikiran.
janjane,umpamane dipikir-pikir kayong lucu (kanggo sing nduwe pikiran sing ora nduwe yang ora ngguyu, anu ora lucu si),
ndas-ndasan pating cemong nek di pupuri kaya apa bae ya tetep hasile kaya kue tetep katon alane, ora susah ngati mesam-mesem mbarangan, medang-medeng ben katon tambah bagus,jas-jasan kayong adipati bae. tambah ngisin-ngisini (apa nduwe isin, jajal)

sing akeh sukure, nek pancen bagus ya nganggo pakeyan apa bae ya tetep bagus, ora nganggo pakeyan ya tetep bagus (nek ora isin karo sing gawe awak).
lha sing ora katon bagus ya disukuri bae, bagus karo ora ya janjane pada bae.
pada bae ana irunge, pada bae diraupi, trus bagus karo ora ya sapa sing arep ndeleng.

sing penting udu bagus rupane,
trus apane..........
duite bagus
kerjane bagus
raine bagus.
lho deneng rai maning
wis ah mono maning, mono maning.

JEROANE KARO DIRAUPI
trus dipoto kaya apa hasile, apa bagus kaya raine
mikir wis............