ASAL USUL kata "GOOGLE" dari "Jawa"

Posted in By wilujeng 1 komentar

Asal kata google berasal dari daerah Jawa Tengah ( wilayah Banyumas, khususe Lumbir, Besuki )

Critane kaya kie sedulur.....:

Jaman gemiyen ana LANDA (nek saiki jaman merdeka ya Turis), weruh wong Banyumas lagi nugeli kayu tapi ora nganggo prekul/kampak apa maning graji urung nduwe. Kayune mung di oklak-aklek, ngisor-nduwur, kiwa-tengen ora tugel-tugel. ananging dasar wong Banyumas nekat ya kelakuan kaya kue di terus-terusna mbok ngantek setaun ya dilakoni bae.

Crita crita crita....akhire kayune tugel.
wis tugel wong banyumas kue mau ngomong "angger telaten apa bae tuli bisa TUGEL"
lha omongan tugel kue mau nang wong landa sing mandan budek krungune GUGEL. GUGEL GUGEL,

Terus mbrang landane balik meng negarane nemokna mesin golet duwit mesin kue mau diarani google sing nang banyumas mau diwaca gogel asal katane kang tugel
mekaten sedulur............analisa berdasarkan ngimpi ketemu GOGON sing anake kembar
menawi mboten percaya nggeh monggo saged demo teng srandil cilacap