BAWOR atawa BAGONG "WAYANG"

Posted in By wilujeng 0 komentar



Bagong utawa Bawor
kue salah sijine tokoh wayang cerita Mahabarata, Bagong digawe sakang ayangane Sanghyang Ismaya saking sabda Sanghyang Tunggal, ramane. nalika Sanghyang Ismaya arep mudun neng Arcapada, deweke njaluk maring kanca neng ramane, kirane Ismaya sing ditugasna ngawasi trah keturunan Witaradya ngrasa ora sah
nek salah sijine persaksian kur dilakokna wong siji. Sanghyang Tunggal terus akon h Sanghyang Ismaya nglingak ming mburi, ngarti ngarti nang mburine wis ana wong sing awakke meh mirip.


Ia mempunyai tabiat: lagak lagu katanya kekanak-kanakan, lucu, suara besar agak serak, tindakannya seperti orang bodoh, kata-katanya menjengkelkan, tetapi selalu tepat.

Bagong menikah dengan Endang Bagnyawati, anak Prabu Balya raja Gandarwa di Pucangsewu. Perkawinannya itu bersamaan dengan perkawinan Semar dengan Dewi Kanistri dan perkawinan Resi Manumayasa dengan Dewi Kaniraras kakak Dewi Kanistri putri Bathara Hira. Seperti halnya dengan Semar, Bagong berumur sangat panjang, ia hidup sampai jaman Madya.
0
Bagong iku dicipta seka wewayangané Semar. Mula saka kuwi, prejengané ora beda adoh. kaya déné wewayangan, Bagong awaké ireng. Tinimbang anaké Semar liyané, Bagong paling kurang ajar. Basa Jawané ora karuwan. Dhèwèké seneng ngritik apa waé.

Bagong iku asliné jenengé cukuran rambut. Bocah yèn dicukur plonthos kabèh, jenengé gundhul. Yèn sing diturahké mung ngarep thok jenengé kuncung. Yèn sing diturahké ing mburi dijenengi kuncir utawa kucir. Yèn rambut sing sisa ana sisih tengen utawa kiwa jenengé pethek. Nah bagong iku kanggo wong sing rambuté mung ana ing mburi sisih ngisor (cedhak gulu). Cukuran bagong uga disebut gombak.

Yèn dideleng seka pawakané, Bagong pancèn memper Semar. Nalika Sang Hyang Ismaya didhawuhi mudhun ing ndonya déning Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Ismaya njaluk diwenehi kanca. Kaya déné lumrahé panakawan kang artiné kanca kang nyekseni, paling ora panakawan ana loro. Sanghyang Tunggal banjur gawé bagong seka wewayangané Semar.

Bagong nduwé bojo jenengé Dèwi Bagnawati lan urip ing padhepokan Klampis Ireng.

Ing panggonan liya, Bagong sok diganti jeneng. Ana kang diowahi urutan keluwargané. Ing Jawa Tengah, bagong iku anak ragilé Semar. Déné ing panggonan liya, paraga kaya Bagong iki dadi pambarepé. Ing panggonan liya iku, Bagong sok diganti dadi Bawor, Carub, utawa Astrajingga
1
Cablaka utawa blakasuta kuwe salah siji karakter khas masyarakat Banyumasan sing maknane terus terang/apa anane/ora basa basi/blak-blakan.

Angger ngungkapna apa baen termasuk kritik, masyarakat Banyumasan kuwe umume diungkapna langsung, terbuka ning carane sing ora marekna kesuh wong sing dekritik, terus umume diungkapna nganggo nada humor malah ngarah sing seronok dadi tetep bisa njaga suasana adem.

Mangga dewaca sajak nasihat karya Prof. Eko Budihardjo nang ngisor (nganggo basa Indonesia):

Kalau Anda pengin sehat, minumlah susu/Kalau pengin seksi, rawatlah susu/Kalau pengin cantik, mandilah susu/Kalau pengin iseng, senggollah susu/Kalau pengin nikmat, isaplah susu/Kalau pengin berhasil, jangan kesusu.

Watek utawa sifat cablaka kuwe ana nang tokoh Bawor sing dadi salah sijine maskot masyarakat Banyumasan. Bawor kuwe sosok punakawan nang wayang model Banyumasan, identifikasinya padha karo Bagong nang wayang gaya Surakarta karo Yogyakarta.

Miturut budayawan Ahmad Tohari, watek cablaka kiye kudhune dikembangna dadi etos trasparansi karo kejujuran sing siki agi langka nang Indonesia.
2Prakata

Bawor kuwe salah sijining sosok Punakawan nang pewayangan model Banyumasan, sing identifikasine padha karo Bagong nang wayang gaya Surakarta utawa Yogyakarta. Bagong kuwe anak bontote Semar nang epos Mahabharata sementara Bawor ialah anak sulung Semar nang pewayangan gagrak Banyumasan.

Bawor kawit gemiyen cocog kanggo nggambarna wateke wong Banyumasan utawa simbule wong Banyumasan.
[sunting] Watek Bawor

Cablaka/Blakasuta, glogok soar, mbelani sing bener, jujur, ora clamitan lan sipat-sipat ksatria liyane, kuwe wateke Bawor. Pancen Bawor dudu satria kaya Werkudara, mung rakyat jlantah, blekethir utawa gedibal pitulikur, ningen nduweni sipat-sipat sing apik, senajana sok doyan penjorangan.

Bawor seneng meng peseduluran, ora tau slimpat-slimpet, angger nembung mesthi cablaka, angger diprentah mesthi dilakoni kelayan bener.

Lawan wateke Bawor: watek ningrat, priyayi, ora gelem ajur ajer karo rakyat, utawa nek wis njagong nggolete berkat, butuh dhuwit senenge nyikat, karo sepadha-padha ora mupakat.
[sunting] Deneng Bawor?

Deneng Sifat Bawor / Gambar wayang anake semar kue identik karo wong banyumasan?, kenangapa dadi Bawor sing di pilih padahal tokoh sing cemplang cemlpong nek ngomong?.

Bawor kue nek ngomong sekarepe wudele dewek banyumasane asal jeplak ning bener. Lah sifat dasare nek kon matur maju kali ndoro (Bendoro biasane Tokoh Pendawa) biasane Ngomonge "mangga panjenengan mawon ingkang matur kula nderek mawon teng wingking". Nek nang buri petentengan omongane, nek kon maju kulo nderek mawon. Nek ana sing nang ngarep Bawor nyalah-nyalahna ngomonge karo nyolek-nyolek sing nang ngarep utawa nyangkling kang mburi "mboten ngaten ndoro niku klentu sing leres ngaten", tapi nek kon nerusi mundur malih karo ngomong "monggo njenengan mawon...."
NGAPURANE URUNG DI EDIT