NDONDOMI ATI SING SUWEK

Posted in By wilujeng 1 komentar

NDONDOMI ATI SING SUWEK
(Latihan ndisit masang kancing klambimu sing copot)

Apa rika kabeh esih bisa ndondomi klambi apa kathoke dewek sing suwek?  apa terus dibuang, ora gelem dinggo maning mergane suwek apa kur copot kancinge siji. Nek urung paham apa kuwe ndondomi, tak terangna ndisit. Ndondomi kuwe nek bahasa Indonesia ya Menjahit, tapi kayane ya lewih apik ndondomi, siki jajal suwe endi Bahasa Jawa karo Bahasa Indonesia. Nondomi kuwe nganggo alat sing jenenge DOM, nek nganggo tangan, sing luwih moderen ya nganggo mesin

Aku dadi curiga kiye, aja-aja rika kabeh kabeh ora pada bisa ndondomi nanggo dom tangan (Ind:Jarum). Wis sing kepenak bae, masang kancing klambine sing copot, bisa apa ora jane?.   Ana sing luwih kepenak maning, jajal rika kabeh nglebokna benange ming bolongan Dom. aApa isih weruh bolongane, apa ora katon bolongane mergane kakeyan ndeleng bolongan sing ora kudune dideleng? kaya ta bolongan sing mandan saru.

Apa rika esih onggrongan bae, ora gelem nganggo klambi sing kancinge wernane beda. Kancinge copot siji, klambine ora dinggo maning, lha kaya kue sing ndadeaken negara bangkrut, pemborosan, semugih. Nek rika kabeh cokan ngaji maring Kayime, Kanjeng Nabi Mohamad Solallohu Ngalaihi Wasalam mbok esih gelem njahit rasukane sing suwek. Saiki mulya endi enggane rika kabeh karo Kanjeng Nabi. Dasar rika kabeh pancen ora idep ngisin, semugih.

Lha saiki mandan adoh ming urip sedina-dina. umpamane rika kabeh ora bisa ndondomi klambine dewek, apa gelem ndondomi klambine wong liya. Lha kepriwe maning umpamane arem ndondomi negara sing wis mosak-masik kaya kiye. umpamane negara kuwe klambimu, sing arep di dondomi sing endi ndisit. Benange nganggo benang apa?, benang merk NKRI, apa benang merk Garuda. Arep Nganggo dom/jarum  apa?, dom merk tentara?, merk Agama?,merk suku?.

Sing kepenak bae, saiki latihan masang kancing klambimu sing copot. Kancing klambimu mbok wingi tiba nang ndalan mergane rika kabeh tingak-tinguk, tiba nang warung mergane rika kabeh pingine tuku sing rika ora bisa mbayar, nang pasar sing sesek kaya jeroan dada. Pasang kancinge, terus dienggo, ben ora katon maning aurat sing ala. Kancingen klambimu nganggo tumindak sing becik, dondomi atimu sing suwek. nganggo dom atimu sing landep, nganggo benang tresna lillahi tangala.
@salam,salim,slamet